Sesorah Karya Renata Alfiana Yuwono VII C
Assalamualaikum warahmatullahi wabarakaatuh.
Nuwun,
Kepala sekolah SMP Negeri 9 Ngayogyakarta ingkang dhahat kinurmatan,Bapak lan Ibu guru SMP Negeri 9 Ngayogyakarta ingkang satuhu luhuring budi,Para rawuh ingkang dhahat kinurmatan, Saha para kanca-kanca ingkang kula tresnani.
Langkung rumiyin, sumangga kula dherekaken, anggenipun ngaturaken puji syukur dhumateng AllahSWT. Ingkang Hakarya Jagad. Awit saking nugrahanipun, kula lan panjenengan sedaya saged kempal manunggal kanthi wilujeng boten wonten alangan setunggal menapa. Saderengipun nderek nepangaken nama kula Renata Alfiana Yuwono saking SMP Negeri 9 Ngayogyakarta. Para rawuh, kita sedaya sami sampun mangertos menawi sagedipun negari ingkang kita trenani nggayuh kamardhikanipun menika boten gampil. Para pahlawan ngantos nglilaken ngurbanaken jiwa ugi raganipun kagem mujudaken kamardhikanipun nagari Indonesia. Senaosa samenika Indonesia sampun nggayuh kamrdhikan. Boten ateges kita namung mangku asta. Kita kedah ngupaya manut kasagedanipun piyambak-piyambak supados kamardhikan ingkang sampun kaupayakaken dening para pahlawan saged kaisi dening samubarang ingkang becik. Kathah sanget tumindak becik ingkang saged dipundamel ngisi kamardhikan. Contonipun wiwit saking nresnani sapadha, ngurmati sedaya pambeda, dumugi boten tumindak korupsi, estu menika tumindak sae ingkang saged dipundamel ngisi kamardhikan. Ing perangan sanes, dhateng adicara punika, sumangga kita sesarengan ngemut-emuyt sedaya lelabuhanipun para pahlawan ingkang sampun pralaya tanpa nate saged ngraosaken endahe gesang dhateng alam mardhika. Saking cathethan sejarah, kita saged sinau kados pundi kucemipun kahanan negara kita nalika taksih kajajah dening bangsa eropa ugi bangsa nipon. Samesthinipun kita boten kepingin kahanan kucem kados mekaten dumados malih. Salah satunggiling cara supados bangsa kita boten kajajah. Kita tansah kedah nguripaken semangat nasionalisme sarta ngraketaken lawening paseduluran marang sinten kemawon tanpa perduli marang ras, agama, ugi suku. Kanthi kagungan persatuan ing rumaket. Kita bakal boten gampang didamel crah dening pihak ingkang kagungan watak culika.
Cekap sementen atur kula , menawi kathah kalepatan atur saha solah bawa igkang mboten mrananipenggalih , kula nyuwun pangapunten.
Wassalamualaikum warahmatullahi wabarakaatuh.

